Dino Jumat dino Minggu
lungo wedangan srawung kekancan
Rindune kumat pengen ketemu
neng kok kelingan wes dadi mantan
Yuk paiti tuku blewah
Ngombene serabi lungguh mbegagah
Wes diragati ngentekno sawah
kok malah dirabi tonggo sebelah
Dolan Semarang
pas tanggal limolas
Wis kadung sayang
Blas ora digagas
Tuku gendis nek pasar minggu
ojo lali tuku madu
Hai manis apa kabarmu
aku rindu dengan senyummu
Kitab kuning kitabe santri
tahu tempe menu sarapan
Ayo kabeh sing sregep ngaji
tak usahlah kelingan mantan
Sore-sore masak rempelo ati
mak bedhundhug ono wong edan
Piye wis tak tresnani setengah mati
malah jebul kowe main wedokan
Paijo ngasah belati
belati gawe mbeteti gurami
Masio koe ngayelke ati
tapi aku cinta setengah mati
Mancing undur-undur olih sepuluh
mlayu ngalor kolore pedhot
Sopo sing nandur bakale ngunduh
ngunduh ora nandur jenenge codot
Melayu melayu karo ponakan
mancing iwak nang kali serayu
Lagi mlaku weruh wong pacaran
sing lanang elek sing wadon ayu
Tuku sego duite ilang
tekan omah entuk ketan
Eehh aku cuma mau bilang
hei apa kabar mantan?
Lagi bal-balan kecocok paku
ora nulungi mlh padha ngguyu
Senajan kowe wis ninggal aku
tetep tek tunggu sekuat-kuate atiku
Ngedusi wedhus nganggo banyu
neng cedak kalen ngisor wit lumbu
Ra ngurus opo jawabmu
pokme i love you
ore-sore pengen tumbas buah duku
sing tak tuku malah putu ayu
Rasane loro atiku
nek ngerti mantane jebul luwih ayu
Dolan iku sesok rame sesok sepi
Yen sangguh yo lakoni, ra sanggup ditinggal ngopi
Tawon madu ngisep sekar
Calon ibu kudu sabar
Wedang jeruk tanpo gula
Ojo sok umuk tanpo guna
Kembang suket mekar pas sore
Awakku mumet mikir e kowe
Mangan gethuk badane lemu
Senajan ngantuk tak enteni chatmu
Wedang bubuk gula Jawa
Yen kepethuk ati roso lega
Pasar Kodar nang arep tugu
Atiku ambyar mergo senyummu
Sego liwet, lawuhe jlantah
Sego rawon, kurang uyah
Ampun tanglet kapan nikah
Pacar mawon, kulo dereng gadah
Lungo warung, tuku jamu
Pesen limo gari siji
Nek aku tresno marang sliramu
Opo yo kudu seloro iki
Pamit lungo menyang Seturan
Jebule dolan nang Palagan
Senajan ati lagi kelaran
Tangi saur kudu tetep jalan
Cah wedok sangune bedak
Ono cah lanang utune gingsul
Niat kulo sampun badhe cedak
Nanging nyatane malah diaturi wangsul
Golek paku nang omah e Santi
Kanggo nyambung kayu rapet
Kowe ojo sampe nganti lali
Mergo awakku tresno banget
Main sepedaan kecocok paku
Ban e bocor malah diguyu
Senajan kowe ninggalke aku
Tetep tak sayang sak kuate atiku
Jumat kliwon udane gerimis
Enake ngopi karo mendoan
Tak sawang-sawang koe tambah manis
Sayange koe ra ngajak balikan
Suwe ora mangan ketan,
Ketane digoreng sangan
Suwe ora ketemu mantan,
Ketemu pisan aweh undangan
Dolan Semarang
Pas tanggal limolas
Wis kadung sayang
Blas ora digagas
Nelongso hati iki rasane
Sing tak tresno ono sing duwe
Jogja malang sidoarjo
Kadung sayang ora wani kondo
Golek banyu
Ning warunge Lek Keman
Ora kudu ayu
Sing penting nyaman
Neng Lasem tuku kue putu
Bakule jenenge Paiman
Yen awak dewe wes entok restu
Ayo mangkat neng pelaminan
Neng Semarang tuku lombok
Lomboke lombok ijo
Yen pancen aku sayang, aku langsung ketemu mbok
Sopo ngerti awak dewe jodo
Sumber : www.merdeka.com, www.bola.com